Selasa, 28 April 2009

Jumat, 24 April 2009

belum ada judul

Opo kang biso nggawe ragamu mlaku ngalor mlaku ngidul saben dino tanpo alangan.
Opo kang ndadekake sak kabehing panyuwunmu biso kinabulan
opo kang nekakne udan, ngobahne angin, ngurupi geni, nguripi kang diuripi
opo kang mbok weruhi biso narimo deneng sak kabehing pinesti
sak kabehing takdir amung ditrimo kanthi enteng tanpo aneng ngresulo sitik2 o
ngertenono sopo siro, takono marang siro, njaluko marang siro.
gusti kang amurbeng jagad wis ndadekake siro satriyo linuweh kang biso amujudaken sak kabehing panyuwunan. Amung siji kang kudu dingerteni, sopo sejatining siro
ojo takon karo kayu
ojo takon karo bumi
ojo takon karo angin
ojo takon karo banyu
ojo takon karo geni
kayu, bumi, angin, banyu, geni sak kabehing aneng siro
takono marang sing mbok kenali
dudu bopo
dudu biyung
dudu simbah
dudu paman
dudu bibi
dudu ugo konco sapodo
ananging marang siro dewe
siro kudu eleng deneng dulur siro amung loro
koyodene isen2 ing ndoyo
padang peteng, kiwo tengen, lanang wadon, abot entheng, panas adem, sak kabehing amung loro
mulo kuwi ojo nganti siro lali karo siro ananging kudu tansah manunggal karo sopo siro dewe